Wednesday, September 28, 2005

Daftar Paribasa Jawa

Iki daftar paribasa lan saloka basa Jawa (durung komplit).

A
  • Anak polah bapak kepradah
  • Adigang, adigung, adiguna
  • Aja dumeh wong gedhe
  • Ajining diri dumunung aneng lathi, ajining raga ana ing busana
  • Alon-alon waton kelakon: Ora usah kesusu, sing penting kedaden
  • Ambeg parama arta: Kudu bisa ndhisikke sing utama
  • Asu gede menang kerahe
  • Ana daulate ora ono begjane: Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sido
  • Angon ulat ngumbar tangan: Nyawang kahanan jalaran arep nyolong
  • Agomo ageming aji

B
  • Becik ketitik, ala ketara
  • Baladewa ilang gapite: Ilang kaluhurane
  • Banyu pinerang: Ngibarate pasulayane sedulur mesthi enggal pulihe

C
  • Canting Jali: Wong kang wis ora iso diisi meneh pikirane nggo ilmu. Amargo otakke wis ora nyandak. Utowo wong bodo arep sinau ping bola-bali tete ora bisa pinnter.
  • Cebol nggayuh lintang: Duwe kekarepan sing mokal bisane kalakon
  • Cathok gawel: Ora diajak rembugan, nanging melu-melu ngrembug
  • Cecak nguntal empyak: Gegayuhan kang ora timbang karo kakuwatane

D
  • Duwur kudung ngisor warung
  • Diwehi ati nggrogoh rempela.
  • Datan sisip sak lugut kolang kaling pinoro sosro: Tegese ora ono bedane babar pisan
  • Dudutan lan aculan: Tegese Padha kethikan, sing siji api-api ora ngerti

E
  • Emban cinde emban siladan: Tegese Siji lan sijine ora podho pangrengkuhe ( ora adil )
  • Embat-embat celarat: Tegese Nyambut gawe klawan ngati-ati banget
  • Emprit abuntut bedhug: tegese Prakoro sepele dadi gedhe( podo karo kriwik-an dadi grojog-an)

G
  • Golek molo
  • Gagak nganggo laring merak: tegese Wong asor (cilik) duwe tumindak kaya wong luhur.
  • Garang garing: Tegese Umuk sugih nanging sejatine kacingkrangan

H
  • Holopis kuntul baris: Tegese saiyek saeka proyo, bebarengan mrantasi gawe.

I
  • Idhu geni
  • Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani.

J
  • Jamur ing mangsa katiga.
  • Jer basuki mawa beya: Tegese yen pengin sukses kudu wani rekasa.
  • Jalma limpat seprapat tamat.
  • Jalma angkara mati murka: Tegese Nemu bilai jalaran saka murka
  • Jati ketlusuban luyung: Golongane wong becik kalebon wong olo
  • Njujul wuwul: tegese Prakasa sing ngundhak-undhaki rekoso

K
  • Kacang mongso ninggala lanjaran: Tegese anak ora bakal beda adoh sipate karo wong tuwane.
  • Kebo kabotan sungu.
  • Kebo nusu gudel.
  • Kependem Pakem.
  • Kuthuk marani sunduk.
  • Kutuk nggendhong kemiri: Nyandhang kang sarwa aji ngambah dalan kang gawat
  • Kesandung ing rata, kebentus ing tawang: Nemu beboyo sing ora dinyana-nyana
  • Kendel ngringkel, dhadhag ora godag: Ngakune ( katone ) kendel lan pinter, jebule jirih tur bodho
  • Kelacak kepathak: Wis ora biso mungkir maneh jalaran kabukten
  • Kebo bule mati setra: Wong pinter nanging ora ona sing nganggokake
  • Kebo ilang, tombok kandang: Wis kelangan, malah kudu ngetokake wragad maneh
  • Kebat kliwat gancang pincang: Tumindak sarwa kesusu, asile mesthi ora kebeneran
  • Kandhang langit kemul mega: Wong sing ora duwe papan panggonan
  • Kadang konang: Ngakoni sadulur mung karo sing sugih-sugih

L
  • Lali karo barute
  • Ladak kecengklak: Wong angkuh nemahi kacilakan amargo kalakuane dewe
  • Lahang karoban manis: Bagus / Ayu rupane tur luhur bebudene

M
  • Mikul dhuwur, mendhem jero.
  • Mulat sarira angrasa wani, rumangsa melu andarbeni, wajib melu angrukebi.
  • Matang tuna numbak luput: Tansah luput panggayuhe
  • Meneng widoro uleran: Wong kang laire katon anteng, nanging tibake ala atine
  • Menthung koja keno sembagine: Rumangsane ngapusi, nanging sejatine kapusan
  • Mrojol selaning garu: Linuwih ( pinunjul ing kawruh ) langka sing madhani
  • Mowo coro mowo rupo

N
  • Nguyahi banyu segara: pegawean sing sia-sia
  • Ngrusak pager ayu.
  • Nawu lintang
  • Ngundhuh wohing pakarti: Wong kih bakal nompo wales opo kang ditindakake. Hukum karma.
  • Nucuk ngiberake: Wis disuguh, mulihe nyangking suguhan (mbrekat)
  • Ngagar metu kawul: Ngojok-ojoki supayo dadi pasulayan
  • Nglungguhi klasa gumelar: Wong asor biso ngalahake wong luhur ( gedhe ) nganti gawe kagete wong akeh
  • Nyangoni kawulo minggat: Ndandani barang kang pijer rusak
  • Nyunggi lumpang kentheng: Luwih becik rekasa dhisik, ing tembe burine bakal kapenak

O
  • Obor blarak
  • Ojo dumeh: Aja sewenang-wenang. Dupeh wong sugih ngenyek sing mlarat, dupeh wong pinter ngenyek sing bodo, dupeh gagah utawa ayu ngenyek sing elek. Wong urip kudu brayan karo liyan, ing ngarsaning Gusti Allah kabeh menungsa utawa barang sing urip liyane pada baen. Jerene Pak Kyai, arepa sugih, arepa pinter, arepa ayu, arepah gagah mentereng, maring ngendi-ngendi nggondol (nuwun sewu) éé.
  • Othak athik gathuk: Tegese nggothak nggathuke kahanan kang dumadi karo kanyatan liyane saengga trep cocok, kamangka durung karuwan yen ana hubungane.
  • Ojo golek wah, ndak dadi owah: Wong kuwi yen nindakake salah sawijining tindak utowo pegawean ojo golek puji2an, malah dadi kuciwa

P
  • Pakulinan iku kodrat sing kapindho

R
  • Rawe-rawe rantas malang-malang putung.

S
  • Sapa sira sapa ingsun.
  • Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake.
  • sopo gawé nganggo.
  • Sumór gólèk timbo.
  • sadumuk bathuk, sanyari bumi
  • Sing biso rumongso, ojo rumongso biso: Wong kih tansah kudu iso rumongso marang awake dewe, samadya, ora terus kabeh dianggep biso utowo angah-angah, diayahi kabeh.

T
  • Tuna sathak bathi sanak: Tegese tuna materi nanging bathi oleh sedulur.
  • Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa: Kabar kang durung mesthi bener lan lupute
  • Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati: Turunane wong cilik dadi wong gedhe, turune wong gedhe dadi wong cilik
  • Tega larane ora tego patine
  • Tumbak cucukan

U
  • Ubaya saksi
  • Ubut saksi
  • Udan gemblong omahe wong, udan gaplek omahe dhewe, meksa luwih becik ing omahe dhewe
  • Ulah semu
  • Ujaring wong pepasaran
  • Ula marani gebug
  • Ulangan cumbon
  • Ulat madhep ati arep
  • Ula-ula dawa
  • Undhaking pawarta sudaning kiriman
  • Undhaking pawarta sudaning titipan
  • Undha usuk
  • Ungak-ungak pager arang
  • Unjal angempan
  • Upaya prabeda
  • Upaya saksi
  • Urik klelet candu tike
  • Urun rembug
  • Urun wudhu
  • Usung-usung lumbung
  • Utange nurut wulu
  • Utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati
  • Utang nyaur, nyilih ambalekake
  • Uwot gedebog
  • Uyah kecemplung segara

W

  • Witing tresna jalaran saka kulina
  • Wong legan golek momongan

Y

  • Yitna yuwana lena kena: sing ati-ati bakal nemu slamet, sing sembrono bakal nemu cilaka

0 Comments:

Post a Comment

<< Home